Rabu, 02 Januari 2013

Kadhung Tresno

Ini postingan versi Jawa dan merupakan postingan pertama Saya dengan menggunakan Bahasa Jawa. Karena bahasa tersebut merupakan bahasa yang sering Saya pakai saat berada di kampung halaman.

Manungso iku dibeda ake dados kalih, yaiku jaler kaliyan estri. 
Kaping pisane yaiku tiyang jaler, tiyang jaler niku  manungso ingkang bakal mimpin, mimpin awake piyambak lan kaluwargo nipun. tiyang jaler niku kados sosok ingkang gadhah semangat juang kang dhuwur, gagah prakoso, nduweni keberanian, lan sakpiturute. Dados manungso ingkang koyo ngono niku mboten gampil, kedhah nduweni keberanian, jiwa pemimpin, pantang menyerah. lan liya-liyane. 
Kaping pindho yaiku tiyang estri, tiyang estri niku manungso inagkang lemah lembut, nggadhahi rasa kasih sayang ingkang tulus, nanging dheweke gampang banget kesentuh manahipun utawi gampang nangis yen dheweke mirsani hal-hal opo wae ingkang sifate sedih. Sifat-sifat niku kedhah di dhuweni tiyang estri puniko. 
Kekalihipun sampun diwenehi anugrah saking Gusti Allah ingkang awujud rasa tresno. Amergo sampun ditakdirake yen tiyang jaler niku pasangane nggih tiyang estri. 

Niki carito ingkang ngisahake manungso niku kadhung tresno. 
Rasa tresno niku rasa ingkang sampun bersifat umum, maksute niku mboten wonten kemungkinan yen ono tiyang jaler ketemu tiyang estri mesti ono rasa ingkang di jenengke tresno. Amergo kekalihipun benten kapribadian utawi jenis kelaminipun. Yen kapribadiane niku sampun benten, kekelihipun saged saling ngisi siji lan sijine. 
Wonten pepatah jowo negesake "witing tresno iku jalaran soko kulino". Pepatah niku dhuweni maksut ingkang sampun cetho yaiku menawi tiyang jaler niku ketemu tiyang estri trus sering bebarengan nek ngendi wae, niku bakalan muncul ingkang dinamake rasa tresno ingkang dirasakake tiyang kekalih. Rasa tresno ingkang sampun tumbuh meniko saged dhadosno modal ingkang sapisan kangge ngebina kaluwargo. Ngebina kaluwargo niku mboten mung rasa tresno marang kekalihipun. Dene kedhah nduweni rasa tanggung jawab, roso saling ngehargai dhumateng kekalihipun, kedhah jujur, lan sakpanunggale. 

Amung niki ingkang saged kulo aturake. Menawi wonten kesalahan nyerat utawi bahasa ingkang mboten pas nopo nyindir panjenengan sedoyo, kulo selaku admin nyuwun pangapunten.

Matur Nuwun
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

About Me

Seorang Mahasiswa Teknik Kimia, suka hal hal simple, minimalis, seorang plegmatis.

Terbaru

Popular Posts

Arsip

Diberdayakan oleh Blogger.